2011年11月22日火曜日

design by astudioarchitect.com


Ing sawijining dino, aku ditelpon dening salah sijine calon klien kang kepingin ngrenovasi omah. Kawitane aku diundang menyang omahe kang wis lawas, kang wektu iku isih dipanggoni dening pasutri calon klien kasebut. Dewekke nuduhake menowo omah kuwi wis ora pati rupo, amargo ndisike dibangun kanthi ora nganggo pituduhe arsitek, nanging dibangun amrih biso ngadek wae. 


Sakwise dak desain, klien katon seneng karo desainku kuwi lan sakwise pirang-pirang minggu dibutuhake kanggo proses desain, akhire desain nuli sido rampung. 

Ewo semono klien kasebut ora ngersakake menawa studio 'astudioarchitect.com' kang mbangun omah kuwi, jalaran soko pertimbangan menowo nilai RAB kang dijokake keporo luwih dhuwur tinimbang dana kang didhuweni dening klien.



Akhire carito, omah kuwi sido dibangun dhewe dening kang duwe omah, jan persis karo desain kang wus dak wenehake sakdurunge, sampek tumindak detil-detile. Ewo omah iki durung rambung anggene dibangun lan wus suwe banget anggone ngawiti renovasi, nanging wus nuduhake wujud kang direncanakake kawit semulo. Ono perubahan satitik yokuwi tumrap werno cet kang digunakake kanggo ngarep omah, diubah soko werno kang wus direncanakake yokuwi ijo pupus, ndilarah saiki nganggo werno toscha, menowo aku ora kliru. 

0 件のコメント:

コメントを投稿

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...